Kamis, 23 Mei 2019

GEGURITAN

AKROSTIK

Kowe
Anane aku neng kene
Nora bisa dakblenjani
Eling kowe rina wengi
Nora bisa daksangkani
Gawe bungahing ati
Ra maido amung ana kowe
Endah katon ing netraku
Samsaya suwe samsaya endah
Tan bisa bakal dakapusi
Ing sajroning dhadha
Awakmu tansah kependhem jero
Nora bakal bisa mlayu

MESOSTIK

Elingmu Ilang
Elinga janjimu marang awakku iki
Janji bakal ngancani aku
Jebul elingmu ilang
Ikhlas aku narima
Murup geni sajroning ati
Amarga sliramu remen nglarani
Kembang ati elinga marang awakku
Awakku sing tansah setya
Setya nunggoni tan bakal lali
Lali tumrap ing janji
Janji amarga awakmu sing njalari
Njalari anane rasa nduweni
 

TELESTIK

Nalika Tresna
Kadadeyan sing wis ngrembaka
Sajroning uripku iki Raden
Amung sliramu sing nyanthol neng kene
Kene ing jero daksimpen
Tan bakal ana tandhing
Kayata kembang sing mekar
Mekar rembuyung tan ana rampunge
Sliramu kang tansah ana kanggo Nimas
Agawe tentrem kang tansah nylempit
Sliramu kang tansah siaga ati
Nalika kowe ngerti tresna
Tresna kang dakduweni tan ana liyan

Tuladha maca geguritan : https://www.youtube.com/watch?v=51AgkEKQbjc