Kowe
Anane aku neng kene
Nora bisa dakblenjani
Eling kowe rina wengi
Nora bisa daksangkani
Gawe bungahing ati
Ra maido amung ana kowe
Endah katon ing netraku
Samsaya suwe samsaya endah
Tan bisa bakal dakapusi
Ing sajroning dhadha
Awakmu tansah kependhem jero
Nora bakal bisa mlayu
MESOSTIK
Elingmu
Ilang
Elinga
janjimu marang awakku iki
Janji
bakal ngancani aku
Jebul
elingmu ilang
Ikhlas
aku narima
Murup
geni sajroning ati
Amarga
sliramu remen nglarani
Kembang
ati elinga marang awakku
Awakku
sing tansah setya
Setya
nunggoni tan bakal lali
Lali
tumrap ing janji
Janji
amarga awakmu sing njalari
Njalari
anane rasa nduweni
TELESTIK
Nalika
Tresna
Kadadeyan
sing wis ngrembaka
Sajroning
uripku iki Raden
Amung
sliramu sing nyanthol neng kene
Kene
ing jero daksimpen
Tan
bakal ana tandhing
Kayata
kembang sing mekar
Mekar
rembuyung tan ana rampunge
Sliramu
kang tansah ana kanggo Nimas
Agawe
tentrem kang tansah nylempit
Sliramu
kang tansah siaga ati
Nalika
kowe ngerti tresna
Tresna
kang dakduweni tan ana liyan
Tuladha maca geguritan : https://www.youtube.com/watch?v=51AgkEKQbjc